Sunday, October 11, 2009

Nungguin cuaca terbaik untuk terbang...





Nungguin cuaca terbaik untuk terbang...

Kiat menolak calon pegawai cara Jawa.....

G : Kowe nduwe omah opo ora.....?
A : Dereng....
G : Wah kowe ora iso ketompo ana kene.
A : Lho kok ngaten........?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang
perusahaan.
A : Ah.. mboten, kok. Sakjanipun tiyang sepuh kulo
niku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
A : Lho kok ngaten.....?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan,
nongkrang-nongkrong ae.

G : Kowe nduwe motor opo ora....?
B : Mboten.
G : Ora ketompo
B : Lho kok mboten ketampi?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
B : Sakjanipun gadhah, ning tasih wonten kampung,
gampil mangke kulo
beto ngriki.
G : Wah malah ra ketompo....
B : Lho kok ngoten...?
G : Tempat parkire wis ra cukup.
G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
C : Sampun, Pak....
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih
manutan lan bén
mbayaré murah
C : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo.....
C : Lho, kados pundi tho....?
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis
lulus mesti golék
kerjo neng perusahaan liyo.

G : Kowé seneng guyon opo ora?
D : Mboten pak, kulo serius yén nyambut damel.
G : Ra ketompo.....
D : Waa......kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho
stress.
D : Sakjané nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.< /DIV
G : Malah ora ketompo.
D : Lho kok......
G : Engko kowé mung email emailan sing lucu.......
G : Kowé mau mréné numpak opo?
E : Mobil
G : Kowé ora ketompo
E : Sebabipun?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
E : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok
G : Tambah ora ketom po
E : Lho, lha kok ... ?
G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi !
G : Anakmu akèh opo sithik?
F : Katah pak
G : Kowé ora ketompo
F : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
F : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
F : Lho, lha kok ... ?
G : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé
G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
H : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
H : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
H : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
H : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?
G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung ?
K : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
K : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré
K : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
K : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to?
G : Kowé kerep loro ?
M : Mboten
G : Kowé ora ketompo
M : Sebabipun ?
G : Mesti kerep mbolos, wong arang2 gering
M : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo
M : Lho, lha kok ... ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
G : Kowé biso main Internét?
N : Boten
G : Ora ketompo
N : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo wong BI (Buta Internet)
N : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
N : Lho, lha kok ... ?
G : Mesti ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to? Ngenték-entekké pulsa !
G : Kowe waras opo ora?
O : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo.......
O : Kenging nopo .....?
G : Mengko kowe mesti ora krasan ana kene.
O : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo......
O : Pripun to niki....?
G : Mengko aku duwe saingan.......hhhhh........

0 Comments:

Post a Comment

<< Home